Antologi Geguritan Kanthi Tema Sosial (2)
GEGURITAN 1
eSWe Sidi :
AMPLOP, OH, AMPLOP
bangsamu iki bangsa kang luhur ing budi
wit kawuri jaman simbah, biyung, bibi
nora blereng bandha donya klawan gebyaring kuwasa
nora tepung mring amplop
dluwang tipis kang gandane wangur lan amis
mripatmu aja blereng ndeleng amplop
kang isine enggal entek bareng karo anggonmu
angop
aja titip nasib lumantar amplop
amplop iku barang palsu
katone kandel jebul isine mung saklungsu
aja kok titipke swara atimu lumantar amplop
jalaran ing dalan isine mung padha kanggo rebutan
nganti jegal-jegalan
antem-anteman, thuthukan,srekal-srekalan
amplop iku kebak wisa
nora becik kanggo ajuning bangsa
Omah Gegutitan, 4 Oktober 2023
GEGURITAN 2
eSWe Sidi :
AJA CAKAR-CAKARAN
Cah bocah, aja cakar-cakaran
Rebutan apa, ta?
Rebutan permen, karet, apa watu dhakon?
Kabeh iku mung barang sepele, ora mingsra!
Tanpa guna
Delengen kae!
Bocah gedhe-gedhe padha cakar-cakaran sak geleme
Delengen kae!
Cah gedhe-gedhe padha cakar-cakaran esuk, awan, sore
Antem-anteman, thuthuk-thuthukan, gebug-gebugan
Wusana raine pating cloreng, pipi abuh, bathuk remuk
Mripate lamur, pikirane saya kuwur
Cah-Bocah, aja cakar-cakaran, ya!
Kene dolanan wae sluku-sluku bathok
Mripat mlorok sinambi ndelok
Bocah-bocah gedhe pating plorok
Ning atine merem, tembung-tembunge gawe ati njarem
GEGURITAN 3
GEGURITAN 3
eSWe Sidi :
AJA KENCENG-KENCENG
Samubarang lir, aja kenceng-kenceng
jalaran, banjur tuwuh rasa ora seneng
merga kekencengen, pedhot senaring siter
tetembangan dadi ora pener
Senaring layangan, yen kekencengen uga putus
wusana bisa lampus.
Kekencengen ing rembug, sing maju malah gebug
samadya wae
kabeh padha penake Omah Geguritan, Sewon 16220
GEGURITAN 4
eSWe Sidi :
BANDHA AKEH KANGGO SAPA
awan bengi nyambut gawe
lali wayah ora eman ragane
sirah dienggo sikil, sikil dienggo sirah
linak lijo lingga lica
lali anak lali bojo lali tangga lali kanca
temahan bandhane tumumpuk ing kana-kana
lemah ginelar sumebar jembar-jembar
omah gedhong akeh magrong-magrong
mobil patang puluh kinclong-kinclong
asiling korupsi, arta negara dicolong
wong sugih lumrahe uripe kepenak
jebul jiwa ragane rusak
jiwa adoh saka Allah Kang Mahamulya
raga lemu ginuk-ginuk jebul kebak memala
duwe tumpukan gula,
dhokter kandha mung oleh ngombe banyu tawa
ing kulkas sumimpen daging iwak rasane enak
mung oleh mangan sayuran sing gandane sengak
ing lumbung tumumpuk makental-kental beras
kena dipangan ning mung saelas
Bandha akeh kanggo sapa?
Omah Geguritan-Kowen Sewon, November 2021
GEGURITAN 5
eSWe Sidi :
BIYEN SAIKI
biyen,
kowe duwe pangwasa
mula padha disubya-subya
tekamu diantu-antu pindha ratu
tuturmu digugu nadyan wagu tur saru
lakumu ditiru nadyan satemene saru
tur cetha yen kleru
saiki,
wus mrucut drajad pangkatmu
kanca-kanca wus ora maelu
centheng, ngaha, gali pengawalmu
wus ninggalke sliramu
ragamu ringkih kabeh rambutmu putih
biyen sesebutanmu tangan wesi
saiki tanganmu strok, alum merga hipertensi
dhuh…
awakmu banget ora ana aji
Omah Geguritan, 21-9-22
GEGURITAN 6
eSWe Sidi :
GAJAH-GAJAH ORA GENAH
Alas gung kebak gajah bambung
Nyrudug-nyrudug gedrug-gedrug
Nrejang palang, murang sarak nyingkiri bebener
Bumi kedher, horeg geger mawut-mawut
Marmut-marmut caos pemut nora diturut
Gajah-gajah saya ora genah
Midak rapah nrejang paugeraning Allah
Donya dadi bubrah
Gajah mung bisa kalah
dening semut-semut kang sengkut
nyawiji ing ati, nyawiji ing karya
linambaran donga
mring hyang Widhi Wasa
OGK, 21 Desember 2018
GEGURITAN 7
eSWe Sidi :
GEGURITANE WONG GEMBLUNG
Donya iki panggung
ing panggung akeh wong gemblung
ngaku paham jane bingung
donya iki kebak wong gemblung
kakehan omong, ing karya pengung
andremimil mumpluk tutuke
ngetokke tembung tanpa ana paedahe
mung ngrembug barang-barang sepele
barang wigati disepelekke
donya iki panggung
akeh wong gemblung jogedan sakarepe
sing gedhe melok gemblunge
sing cilik mung bisa nirokake
wedi yen dianggep waras
mula, rewa-rewa ngatonke gemblunge
elinga, sak begja-begjane wong gemblung
isih begja wong bingung
sak begja-begjane wong bingung
isih begja wong kang tansah eling
mring enggoking lurung
Omah Geguritan Kowen-Sewon, 1-9-22
GEGURITAN 8
eSWe Sidi :
IKI POTRETMU
Iki potretmu(?)
Daksawang, dakgrayang gawe pikirku gonjang ganjing
gawe tangis ing atiku
ngeres lan jempling-jempling
Potretmu kokpasang ing ngendi-endi papan
ing gedheg gardhu pinggir prapatan lan ing wit-witan
malah uga ing tembok kuburan.
Potretmu ngguyu-ngguyu mring kabeh wong mlaku
marakke seseg ing dhadhaku
jalaran mawa tulisan ing tengah dasimu :
Pilihen aku!
Ah, nangis kekejer atiku. Kowe katon wis dudu.
Omah Geguritan Kowen (OGK), Desember 2018
GEGURITAN 9
eSWe Sidi :
KOTHAK 1
Mlebu kothak iku ora kepenak
sumpeg, buneg, gawe judheg
awak geter kepara ndredheg
kothak gawe winatesing srawung
kothak gawe uteg blong, suwung
kothak iku pager-pager kang ngadeg
jejeg, mbedenger
kothak mahanani kang suci dadi jember
kothak mahanani mripat mlorok nora ndelok
kothak gawe kuping budheg
kothak gawe manah ora genah
kothak kothak kothak kothak
kothak marakke sirah buthak!
Omah Geguritan, 3 Oktober 2023
GEGURITAN 10
eSWe Sidi
KOTHAK 2
Kothak kothak kothak kothak
Kothak iku dudu wewangunan
kothak iku wewangunan kang dudu
kothak iku kudu-kudu
kudu ngene kudu ngono
kudu padha aja beda
yen beda kaanggep dursila
yen beda dianggep memala
yen padha lagi kaanggep kanca
kothak iku ora guna
kothak gawe memala ing saindenge donya!
Omah Geguritan, 3 Oktober 2023
More Stories
Teks MC Manten Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum wr.wb. Alhamdulillahirabbil’alamiin. Asholatu wasalamu’ala ambiyai wal mursalin, Muhammadin, wa’ala alihi wash-habihi ajmaiin. Bismillahirahmanirrahiim. Kapurwakan kanthi ngluhuraken asma Allah, ing ...
TK ABA SLANGGEN MENDAPAT WAKAF MELALUI UANG 400 JUTA
Para Pimpinan yang hadir Hj. Martini menerima wakaf secara simbolis Ibu Aminah,S.Pd. (Sewon,12/1/2025) Ahad tanggal 12 Januari 2025 menjadi hari...
RAMAH TAMAH PENGURUS MUI SEWON
Ahad, 3 November 2024, pengurus Majelis Ulama Indonesia (MUI) Kapanewon Sewon mengadakan pertemuan di RM Kampoeng Mataraman, Ring Road Selatan....
MKKS SMK BANTUL MENYELENGGARAKAN RAKOR DAN WORKSHOP
Hari Sabtu-Minggu, 26-27 Oktober 2024 yang lalu, Musyawarah Kerja Kepala Sekolah SMK se-Kabupaten Bantul menyelenggarakan Rakor dan Workshop Penyusunan Program...