Medhar Sabda Asok Upakarti/Tukon

Assalamu’alaikum wr.wb.

Alhamdulillahirabbil’alamiin. Washolatu ….

Bismillahirahmanirrahiim. Kapurwakan kanthi ngluhuraken asma Allah, ing  pangajab kasugengan miwah karahayon kawilujengan tansah kajiwa kasarira  dhumateng paduka para tamu miwah jasad kula.

  1. Sangya tamu mudha wredha kakung putri ingkang winengku ing bagya mulya.
  2. Para pinisepuh ingkang pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur.
  3. Para manggalaning praja ingkang pantes lamun kinarya pandam-pandoming kaswasih.
  4. Para alim ngulama ingkang hanggung amestuti wosing pustaka suci kinarya tuking kautamen.

 

Kula nyuwun agenging pangaksami awit kumawani midak lajer ugering trapsila, nilar tata krami anerak suba sita kepara tebih saking uda negari,  munggel pangandikan hanyarwi kamardikan awit kula ingkang kapurba baraya  ageng Dhimas Haji Wibowo ingkang pidalem ing Kowen I Timbulharjo, Sewon Bantul kinen ngaturaken menggah ingkang dados wigatosing sowan kula sedaya   ing ngarsanipun Bapak_______________________(sebut nama ortu calon mempelai wanita)

           

 

Ingkang menika, menawi mangke atur kula nalisir saking leres, inggih ucap, patrap, tindak tanduk kirang nuju prana dhumateng ngersanipun panjenengan sedaya, mliginipun Bapak______________________ (sebut nama ortu calon mempelai wanita)

kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami.

            Saderengipun mugi kepareng kula ndherekaken muji sukur dhumateng Ngarsa Dalem Allah Swt.ingkang sampun paring nugraha tumanduk kula panjenengan satemah  ing wekdal menika saget lenggah ing pasamuan menika kanthi wilujeng, widada, rahayu nir ing sambekala. Ugi awit saking berkah dalem Allah swt. miwah pamuji astuti panjenganipun para rawuh, sowan kula sedaya pinaringan rancag tanpa pambengan setunggal kewala.

Solawat, salam mugi tansah kasok dhumateng junjungan kula panjenengan sedaya, nun inggih Kanjeng Nabi Agung Muhammad Saw. Ingkang tansah kantu-antu syafangatipun benjing ing dinten kiyamat.

           

 

 

 

Pinangka purwakaning atur,  kula ngaturaken salam taklim saking baraya ageng Bpk/IBu Bapak_____________(sebut nama ortu calon pengantin pria) sekaliyan nun inggih tiyang sepuhipun _________________(sebut nama calon pengantin laki-laki)  dhumateng Bapak________________________kanthi Atur :

           

Assalamu’alaikum wr. Wb.

 

Ingkang salajengipun, Bapak__________________ (sebut nama ortu calon pengantin wanita) sekaliyan, ingkang kinormatan. Ing riki kula sowan mboten sanes ndherekaken bakal pinanganten (sebuta nama calon pengantin pria) . Mawantu-wantu atur kula, mugiya kepareng ing mangke (sebut nama calon pengantin pria) kaijabkabulaken kaliyan pepujaning nala nun inggih Dhiajeng ____________(sebut nama calon pengantin wanita), atmaja putrinipun Bapak_______________________________(sebut nama ortu calon pengantin wanita)

Pinangka cihna bilih (sebut nama calon epngantin pria)  saestu ageng tekad ing nala badhe ngrengkuh Dhiajeng_______________________________(sebut nama ortu calon pengantin wanita)pinangka jatu karma miwah anetepi adat saking para luhur, keparenga ngaturaken upakarti pinangka jangkeping tata cara salaki rabi. Wondene wujudipun upakarti, nun inggih:

  1. Sanggan
  2. Majemuk ingkang wujudipun maneka warni :

Bombongan (jago)

Jenean/emas : kalpika, sangsangan, binggel, lsp.

Angsal-angsal

Wos/beras

Lsp.

 

  1. Maskawin arupi seperangkat alat sholat

           

           

 

Sedaya upakarti tartamtu mboten aji, naming kewala ampun kaetang menggah aosipun, namung keparenga pinangka tandha tresna,miwah sageta  nyupeketaken anggenipun kekadangan baraya ageng Bpk ___________________(sebut nama ortu calon pengantin pria) kalayan baraya ageng

 Bpk___________________(sebut nama ortu calon pengantin wanita)

Para rawuh, mekaten ingkang dados wigatosing sowan kula sarombongan ing wekdal menika. Pungkasing atur, damar mancung cinupet, jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta yen wonten lepat kula. Bantul praja tamansari, kathah atur mendat mentul, nyuwun lumunturing samadra pangaksami. Nuwuuuuun.

            Wassalamu’alaikum wr.wb.       

Kowen, 27 Oktober 2018

Eswe Sidi

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

WeCreativez WhatsApp Support
Kritik, saran yang membangun dari Anda sangat saya tunggu untuk lebih menyempurnakan web ini dan agar lebih banyak barokah.
Hai kawan, komennya mana?