Contoh MC Pengajian
Assalamu’alaikum wr wb.
Alhamdulillahirabbil’alamiin…dst.
Mugi sih wilasa, berkah dalem Allah Swt, karahayon, tansah rinentah dhumateng Panjenengan dalasan kula, samenika sarta ing salami-laminipun.Amin.
Para pepundhen, pinisepuh,sesepuh ingkang winengku ing pakurmatan.
Para pangasta pangembating praja ingkang minulya.
Para tamu kakung putri, para kadang, ingkang sutresna.
Nuwun sewu, ing ari kalenggahan menika kula tinimbalan saha kadhawuhan dening para bapak pengurus pengaosan Rebo Paingan Pimpinan Ranting Muhammadiyah Timbulharjo pinangka panata adicara.
Saedrengipun mugi kepareng kula ndherekaken Panjenengan sedaya munjuk puji sukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt. Ingkang sampun paring kasarasan saha kalodhangan wekdal kawistara ing wekdal menika saget sesarengan kempal ing majelis menika kanthi wilujeng nir sambekala sedayanipun.
Salawat saha salam mugi tansah kasok saking ngarsa dalem Allah Swt kagem junjungan kula Panjenengan sedaya ingkang tansaha kaantu-antu pitulunganipun benjing ing dinten kiyamat.
Salajengipun, pinangka cecala, kula aturaken urut-urutaning adicara ingkang sampun sinanggit dening para kadang panitia, mekaten :
Angka setunggal :Pambuka
Angka kalih : Atur pambagya harja saking pengurus
Angka tiga : Sumene
Angka sekawan : Pengaosan saking Bpk. Kiai….
Angka gangsal : Panutup
Para rawuh, saderengipun badhe kaaturaken waosan kalam ilahi dening sedherek______.
Wekdal, sasana kaaturaken. Sumangga !
Qori membaca Alquran.
Setelah selesai : Kaaturaken agunging panuwun dhumateng sedherek_______ ingkang sampun kersa maosaken ayat-ayat suci Alquran.
Para rawuh, salajengipun tumapak ing adicara angka setunggal, pambuka. Mangga adicara kabuka sesarengan kanthi waosan basmalah, sumangga ! (Hadirin bersama-sama membaca basmalah.)
Matur nuwun. Adicara salajengipun atur sapala saking takmir masjid Nurulhuda, dhumateng Bpk. Sumarjo wekdal saha sasana kaaturake. Sumangga.
Mekaten pangandikan saking Bpk. Sumarjo. Salajengipun adicara istirahat. Dhumateng Mas saha mbak karang taruna kasumanggakake.
(Suguhan dihidangkan)
Para bapak/ibu mboten angirangi panjenengan sedaya anggenipun ngrahapi pasugatan, ngengeti wekdal sampun ndungkap dalu, adicara kalajengake. Inggih menika adicara pengaosan. Wekdal kaaturaken dhumateng Bpk. …………………… Sumangga.
Mekaten pengaosan saking Bpk. ………………… mugi-mugi wonten manfaatipun.
Salajengipun adicara panutup. Mangga adicara kapungkasi kanthi waosan donga kifarat majelis.
(Membaca doa)
Matur nuwun . Wassalamu alaikum wr.wb.
eSWe Sidi
eSWe Sidi eSWe Sidi
eSWe Sidi
Assalamu’alaikum wr wb.
Alhamdulillahirabbil’alamiin…dst.
Semoga kasih sayang, berkah dari Allah Swt., keselamatan bersama kita untuk selama-lamanya.Amin.
Para Bapak/Ibu yth.
Para pejabat yang mulia.
Para tamu laki-laki/ perempuan, teman-teman yang tercinta.
Mohon maaf, pada hari ini saya dipanggil dan diperintah oleh pengurus pengajian Rebo Paingan Pimpinan Ranting Muhammadiyah Timbulharjo, sebagai pembawa acara.
Sebelumnya, perkenankanlah saya mengajak hadirin memanjatkan puji sukur kehadirat Allah Swt. Yang telah melimpahkan kesehatan dan kesempatan kepada kita sehingga dapat berkumpul bersama di majelis ini dengan selamat tanpa halangan suatu apa pun.
Salawat dan salam semoga selalu tercurah kepada junjungan kita, Nabi Agung Muhammad Saw. Yang selalu kita nanti-nantikan besok di hari kiamat.
Selanjutnya, sebagai pengantar, perkenankanlah saya sampaikan urut-urut acara yang telah dirancang oleh rekan panitia sbb:
- Pembukaan
- Sambutan Panitia
- Istirahat
- Pengajian dari Bpk. Kiai______
- Penutup
Hadirin, sebelumnya akan disampaikan pembacaan ayat-ayat suci Alquran oleh_____. Saudara________ dipersilakan !
Qori membaca Alquran
Setelah selesai : Diucapkan terima kasih kepada Sdr_______ yang telah berkenan membacakan ayat-ayat suci Alquran.
Hadirin, selanjutnya masuk ke acara pertama, pembukaan. Marilah kita buka acara ini membaca basmalah bersama………….dst.
eSWe Sidi
eSWe Sidi eSWe Sidi
eSWe Sidi
More Stories
Teks MC Manten Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum wr.wb. Alhamdulillahirabbil’alamiin. Asholatu wasalamu’ala ambiyai wal mursalin, Muhammadin, wa’ala alihi wash-habihi ajmaiin. Bismillahirahmanirrahiim. Kapurwakan kanthi ngluhuraken asma Allah, ing ...
TK ABA SLANGGEN MENDAPAT WAKAF MELALUI UANG 400 JUTA
Para Pimpinan yang hadir Hj. Martini menerima wakaf secara simbolis Ibu Aminah,S.Pd. (Sewon,12/1/2025) Ahad tanggal 12 Januari 2025 menjadi hari...
RAMAH TAMAH PENGURUS MUI SEWON
Ahad, 3 November 2024, pengurus Majelis Ulama Indonesia (MUI) Kapanewon Sewon mengadakan pertemuan di RM Kampoeng Mataraman, Ring Road Selatan....
MKKS SMK BANTUL MENYELENGGARAKAN RAKOR DAN WORKSHOP
Hari Sabtu-Minggu, 26-27 Oktober 2024 yang lalu, Musyawarah Kerja Kepala Sekolah SMK se-Kabupaten Bantul menyelenggarakan Rakor dan Workshop Penyusunan Program...