Menulis Cerkak (Crita Cekak)
MENGARANG CRITA CEKAK (CERKAK)
Cerkak merupakan karya sastra (Jawa) yang menceritakan kejadian yang dialami oleh seseorang dengan plot tunggal.
Ciri Cerkak :
- Isinnya menceritakan sebuah kejadian
- Ada pelaku utama dan pelaku tambahan
- Menggambarkan kejadian di masyarakat
- Mengandung pelajaran/amanat
Unsur Cerkak
- Tema
Merupakan dasar cerita, misalnya tema kejahatan, pendidikan,percintaan, kegamaan, sosial,dll. Tema besar bisa diturunkan ke dalam tema-tema kecil. Misalnya, tema percintaaan, duturunkan menjadi : putus cinta, cinta segitiga, cinta bertepuk sebelah tangan, dll.
2. Tokoh
Yaitu para pelaku yang terlibat dalam cerita. Ada tokoh utama, ada tokoh sampingan.
3. Watak
Gambaran watak para pelaku. Ada tokoh berwatak baik (protagonis), ada yang berwatak buruk (antagonis). Watak bisa digambarkan langsung oleh penulis, ada yang digambarkan melalui percakapan pelaku, atau dengan penggambaran fisik tokoh cerita.
4. Setting/latar
Merupakan gambaran waktu, tempat, suasana terjadinya peristiwa.
5. Alur/plot
Yaitu jalan cerita dari perkenalan, klimaks, dan akhir cerita.
Alur/plot Cerkak
5.1 Abstrak
Merupakan bagian awal cerita. Isinya mengenai apa yang akan terjadi. Bagian ini bersifat opsional (boleh ada, boleh tidak)
5.2. Orientasi/pambuka
Isinya memperkenalkan tokoh, seting tempat, waktu, suasana. Para pelaku muai berinteraksi.
5.3. Komplikasi : mulai ada konflik antartokoh.
Daya tarik terkuat sebuah Cerkak terletak di bagian konflik ini.
5.4. Klimaks : Puncak
5.5. Evaluasi : mulai ada tanda-tanda konflik akan berakhir
5.6. Resolusi : konflik Cerita bisa berakhir senang (happy ending), susah (sad ending), atau ngambang.
5.7. Koda : bagian yang berisi pelajaran yang bisa dipetik dari cerita.Bagian ini sifatnya opsional, boleh ada, boleh tidak.
Kalau dibuat sederhana,plot bisa terdiri dari pendahuluan, klimaks, akhir.
6. Sudut pandhang/point of view
Bagaimana pengarang menempatkan diri dalam cerita. Pengarang bisa menggunakan sudut pandang
- orang pertama
- Sebagai pelaku utama
- Sebagai pelaku tambahan
- orang ketiga.
- Sebagai penonton/pengamat
- Sebagai pihak yang serba tahu.
7. Amanat
Merupakan pelajaran yang bisa dipetik dari cerita.
Kegunaan Cerkak
Bagi pembaca :
- Untuk diambil pelajarannya
- Untuk hiburan à Karya sastra dulce et utile (nikmat dan bermanfaat)
- Menjadi inspirasi sehingga bisa menghasilkan karya yang lain
Bagi pengarang
- Untuk memperoleh nilai
- Untuk menasihati pembaca
- Untuk menghibur hati
- Untuk mencari ketenaran
- Untuk mencari uang
Langkah mengarang Cerkak :
- Menentukan topik/tema : asmara, agama, pendidikan, sosial, lll.
- Mencari bahan : menonton, membaca, mendengarkan.
- Membuat rancangan
- Membuat sinopsis
- Mengarang
- Mengoreksi/editing
- Finalisasi (ukuran kertas, spasi, font, dll)
Bagaimana setelah Cerkak selesai?
- Diserahkan kepada guru mapel
- Dipublikasikan
-Mading
-Koran
-Majalah
-Blog/web
-Dibukukan
-You Tube
-radio
MEMULAI CERITA
Cerkak bisa dimulai dengan memperkenalkan tokoh, suasana, waktu, tepat, dll.
Contoh :
1
Ana bocah jenenge Usar Tettahu. Umure kira-kira 11 tahun. Usar bocah kang grapyak semanak, lugu, lan isih gampang owah gingsir atine. Marang wong tuwa, dheweke banget anggone kurmat. Marang kanca sabarakan, ora ambedak-bedakake. Mula, Usar akeh kancane. Ing sekolahan apa dene ing kampunge. …. (eSWe Sidi, Usar Tettahu, pemenang Sayembara menulis cerita anak nasional berbahasa Jawa, Balai Bahasa Yogyakarta, 2023) |
2
Aku ngenteni Yuli ing kene. Udane deres, sangsaya deres. Aku wus lungguh ing kene telung jam suwene. Katone Yuli ora bakal teka. Iku gawe atiku nelangsa. Pikirku kedawa-dawa. Kaya ngenteni netese ndhok amun-amun kang tangeh lamun bisa netes. (eSWe Sidi, Tresna Sirna ing Pucuking Dina, Djaka Lodang No 50, 14 Mei 2022) |
3
Wengi kang tintrim. Langit ireng njanges. Lintang-lintang padha ndhelik ing waliking mendhung. Mung siji loro lintang katon sedhela wusana ilang diemplok mega ireng kandel. Wit-wit njenggereng anteng kaku. Ing kampung-kampung ora ana sabawane wong. Mung keprungu bengoke asu ajag, sora lan nggegirisi sapa wae kang krungu. Pegunungan ing mburi kampung iku njegreg kaya kwandhane buta kang mati kepanah. (eSWe Sidi, Djaka Lodang No 33, 14 Januari 2023) |
Mengakhiri cerita
Akhir cerita bisa sad ending, bisa happy ending
1
“Ora isa pasien iki digawa mlebu kamar! Durung mangsane bukak. Apa maneh, aku mung tukang kebon ing kene. Sing nemtokake pasien bisa mlebu kamar utawa ora iku mung dokter! Dudu tukang kebon!” kandhane Giman, tukang kebon ing Puskemas iku kanthi praupan kang kaku. Kamangka awake Barimin saya anyep wis setengah mayit. Anteng tanpa daya. Mung sedhela-sedhela keprungu suwarane gereng-gereng kang njalari sing neng kono ayem merga isih ana tandha-tandha yen Barimin isih urip. “Ora bisa! Kowe kudu bali! Kowe durung mangsane mlebu alam iki!” kandhane sawijining makhluk kang nggegirisi wujude. Mripate murup abang, ilate melet-melet uga murup lan nggawa gaman gada saka geni. “Ning aku wis nglalu kanthi nggantung. Badan wadhagku wis dikubur lan wis ajur mumur dipangan cacing. Piye aku bisa bali? Ragaku wis musna!” “Ora perduli! Sapa sing akon? Rumangsamu kabeh perkara bakal rampung kanthi nggantung? Nglalu? Apa utegmu wis buntu satemah ora bisa nemokke akal kanggo ngrampungke perkara? Hayo bali! Bali! Iki papan durung tekan titi mangsane kok leboni! Bali!” Wewujudan iku ngagar-agarke gadane bakal kanggo nggepuk awake Barimin. Barimin bingung, kudu bali menyang ngendi? Ora ana dalan katon ing kono. Anane mung peteng lan moncar-moncare geni saka wewujudan iku ora bisa madhangi papan sakiwa tengene. Aneh! “Bisa bali ora? Hiiih iki rasakna!” “Adhuh, adhuh, hiyung. Yoh, yoh aku tak bali. Aku emoh nglalu! Emoooh!” Wong-wong padha kaget lan bingung. Geneya Barimin bengok-bengok lan ngucapake tembung iku. Let sedhela, dokter teka. Barimin diidini mlebu kamar rawat. Dokter bikut aweh pitulungan amrih nyawane Barimin bisa dislametake. Omah Geguritan-Kowen, Juli 2019 |
2.
“Mangga, Hlo, Nak Mas, pun unjuk lan niku emping diengge obah-obah. Oh, inggih wonten kersa menapa Nak Mas tindak mriki? Kathik mboten paring kabar rumiyin yen badhe tindak mriki.” “Emm. Anu namung mampir. Kala wau saking dolan dhateng kanca sesami penulis, ing Jabung, Gantiwarno,dadakan kepengin mampir,” wangsulanku sakenane. Aku nyebut alamat fiktif kang mbokmenawa yen ana tenan alamat iku, merga begjaku bisa apus-apus. “Menawi badhe kepanggih Sisca, nyuwun ngapunten, Dhenok menika sampun tigang dinten kesah.” “Ha? Kesah, Bu. Dhateng pundi?” pitakonku kebak rasa kaget. Bocah wadon lunga telung dina? Pikiranku ora jenjem. “Kaliyan Bapakipun dhateng Thailand. Pedro rak wisuda S-2 lan nyuwun dipun dhampingi Sisca!” “Pedro menika sinten, Bu?” pitakonku karo gemeter karana krasa ana firasat ala. “Tunanganipun!” Gleger!!! Bledhek nyander, bumi gonjang-ganjing. Sirahku krasa abot lan panyawangku blawur. Banjur ana rasa sepi, peteng lelimengan. Aku kaya mlebu ing guwa sap pitu ing jeroning bumi. Nalika aku pamit, aku wis ora ngerti ibune Bu Sisca ngendika apa wae. Tekan ngomah, awakku dakbanting sarosane ing dipan. Hemm. Nasibe awakku apes temen. Apa aku bakale dadi anggota DPR (durung payu rabi) salawase? Oh, Jeng Sisca.Wanita kapindho kang nujes-nujes atiku nganti rojah-rajeh ajur mumur. Kowen-Sewon, 1 Mei 2012 * Cerkak ini sudah dimuat di majalah Djaka Lodang |
3.
“Menapa leres, menika dalemipun Dhik Tuti, penyanyi campur sari, waranggana? “Inggih, leres. Menapa badhe kepanggih?” “Inggih.” “Dhuh, nyuwun pangapunten. Dhik Tuti nembe mawon medal kaliyan Prasetyo.” Krungu wangsulane wanita iku, atine Bangjo krasa ora kepenak. Sapa Prasetyo iku? Kathik wani-wanine ngajak lunga Tuti, gegantilaning atiku. Ngono batine Bangjo. Krasa ora jenjem, Bangjo enggal njaluk pamit marang wanita kang memper Tuti kuwi. Sing dipamiti manthuk, mlerok,mesem, nguntapake tamune. Tekan ngomah, Bangjo mbanting awake ing spring bed. Atine kuciwa banget. Wewayangan bakal ketemu Tuti, ambyar! Ajur mumur kaya tumpukan damen garing kena lesus. Luwih-luwih bareng ngerti yen Tuti lunga karo priya liya. Jian, mangkel temenan. Banjur sapa sing dimangkeli? Tuti, apa priya iku? Hla apa alesane? Ketemu pirang perkara, ndadak mangkel barang? Kriiiing, cuwit-cuwit-cuwit, nadha panggilan ing HP-ne Bangjo dumadakan muni. Kanthi ati lungkrah, HP diangkat. Keprungu suwarane wong wadon. Ora pangling, suwarane Tuti. Bangjo dheg-dhegan sar atine. “Mas, nyuwun pangapunten. Panjenengan tindak ngomahku ora ketemu aku, mung ketemu mbakyuku. Asmane Puji Astuti, ayu, ta, Mas? Nyuwun pangapunten uga, Mas Raharjo ora dakaturi undhangan. Aku nyuwun donga Panjenengan, Mas. Bengi mau aku ngadani upacara nampi upakarti langsung ijab Kabul karo Mas Prasetyo, sesuk wae nek acara resepsi Panjenengan dakulemi. Aja lali nyiapake lagu sing nges, nggo nambahi regening acara. Dak suwun Mas Raharjo paring sumbangan lagu!” Ah,uh, ah, uh. Raharjo ora bisa kumecap. Kaya ana watu item gedhe ngemblegi sirahe. Abot banget. Banjur peteng. Gedangsari, Mei 2015 *Cerkak ini sudah dimuat di Djaka Lodang Nomer 34, Januari 2016 |
Cara mengirimkan karya
- Diprint, krim lewat pos
- Dikirim dengan email
Syarat mengirimkan karya (lihat ketentuan pada media massa )
Perhatian
- Jangan berharap bahwa naskah akan diperbaiki oleh redaktur.
- Naskah diketik dengan sempurna, jangan ada yang salah ejaan, salah kalimat, dll.
- Cermati selera majalah/koran
- Isi jangan menyinggung (suku, ras, agama, antargolongan)
- Jangan sekali-sekali menjiplak karya orang lain
- Jangan mengirimkan 1 karya ke beberapa media massa
Daftar Pustaka
http://nisarofiah.blogspot.co.id, diakses tanggal 6 Juni 2021
Maskurun,dkk.2013. Bahasa Indonesia untuk SMK/MAK dan SMA/MA. Yogyakarta: LP2iP.
Nurgiantro,Burhan.2013. Teori Pengkajian Fiksi.Yogyakarta:Gdjah Mada University Press.
Makalah karya eSWe Sidi yang disampaikan di SMAN 1 Jetis 15 Juni 2023
www.eswesidi.com diakses 8 Februari 2022
More Stories
Teks MC Manten Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum wr.wb. Alhamdulillahirabbil’alamiin. Asholatu wasalamu’ala ambiyai wal mursalin, Muhammadin, wa’ala alihi wash-habihi ajmaiin. Bismillahirahmanirrahiim. Kapurwakan kanthi ngluhuraken asma Allah, ing ...
TK ABA SLANGGEN MENDAPAT WAKAF MELALUI UANG 400 JUTA
Para Pimpinan yang hadir Hj. Martini menerima wakaf secara simbolis Ibu Aminah,S.Pd. (Sewon,12/1/2025) Ahad tanggal 12 Januari 2025 menjadi hari...
RAMAH TAMAH PENGURUS MUI SEWON
Ahad, 3 November 2024, pengurus Majelis Ulama Indonesia (MUI) Kapanewon Sewon mengadakan pertemuan di RM Kampoeng Mataraman, Ring Road Selatan....
MKKS SMK BANTUL MENYELENGGARAKAN RAKOR DAN WORKSHOP
Hari Sabtu-Minggu, 26-27 Oktober 2024 yang lalu, Musyawarah Kerja Kepala Sekolah SMK se-Kabupaten Bantul menyelenggarakan Rakor dan Workshop Penyusunan Program...