Pangkur Alfatihah

Pangkur Alfatihah

Dening: eSWe Sidi

Ayat pisan Al-Fatihah

nun inggih bis-mi-lla-hi-rah-ma-nir-ra-hiim

klawan Allah kita nyebut

kang asipat rahim rahman

kabeh ngamal linambaran ayat iku

aja mung krana kang liya

wekasan ngamale rugi

ayat loro Al-Fatihah

 nggih al-ham-du-li-llah-hi-rab-bil -‘a-la-miin

pangalembana konjuk mung

dhateng ngersane Allah

kabeh nugraha asal Allah kang Agung

Pangeran sedaya alam

mring Allah sedaya puji

ayat telu Al-Fatihah

ra ana liya a-rah-ma-nir-ra-hiim

mahamirah asih tuhu

inggih Allah sanyata

tansah peparing marang sakehing makhluk

uwit kewan jin manungsa

kabeh nugraha nampani

ayat papat Al-Fatihah

nun inggih maa-li-ki ya-u-mid-din

dina kyamat Allah ratu

kabeh manungsa ina

kabeh asor ra ana kang katon luhur

begja-begjane wong takwa

pikantuk nure Illahi

Ayat lima Al- Fatihah

iya-ka-na’-bu-du wa-iyya-ka-nas-ta‘iin

pratelan kawula makhluk

nyuwun tulung manembah

namung maring Allah ingkang Mahaluhur

nora pisan-pisan ngliya

maring Allah kang sawiji

Ayat enem Alfatihah

inggih Ih-di-na-shi-ra-thal-mus-ta-qiim

nyuwun tuduh dalan lurus

dalan ingkang utama

dalan kebak kabegjan adoh bebendu

dalane uwong kang takwa

tumuju mring nur Illahi

ayat pitu Al-Fatihah

shi -ra –thal-la-dzi-na-an’-am-ta-‘alai-him

dalan  kathah nikmatipun

dudu dalan duraka

gha-i-ril-magh-du-bi-‘alai-him Arabipun

wa-la-dla-liin  dalan ina

kita kabeh mugya tebih 

 Kowen-Sewon, 26 Jumadil Awal 1442 H

  11 Desember 2020

One thought on “Pangkur Alfatihah

  1. Pangkur adalah salah satu jenis tembang dalam sastra Jawa. Tembang ini sangat menarik. Liriknya bisa diisi pesan-pesan kegamaan seperti pada contoh tersebut.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

WeCreativez WhatsApp Support
Kritik, saran yang membangun dari Anda sangat saya tunggu untuk lebih menyempurnakan web ini dan agar lebih banyak barokah.
Hai kawan, komennya mana?