MC Pengajian dalam Bahasa Jawa Simpel/Prasaja

MC PENGAJIAN REBO WAGE

 

Assalamu’alaikum wr wb.

Alhamdulillahirabbil’alamiin.Washolatu wasalamu ‘alal asrofil anbiyai wal mursalin, muhammadin wa’ala alihi wa-ashhabihi ajma’in. Ama ba’du.

  • Para pinisepuh,sesepuh, mliginipun panjenenganipun Bpk. Ustad Haji Saejan,M.Ag., ingkang dipun mulyakaken dening Allah.
  • Para Bapak Pimpinan Ranting Muhammadiyah Timbulharjo ingkang bagya mulya
  • Bapak Ketua Takmir Musola Nurul Ummah ingkang kula hormati
  • Para rawuh, para tamu saking wewengkon Kalurahan Timbulharjo
  • Para kadang mudha menapa dene kadang wreda ingkang sutresna.

Langkung rumiyin, mangga, kula dherekaken munjuk puja-puji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah swt. ingkang sampun kepareng paring kenikmatan iman saha Islam saha paring kebagaswarasan sarta kalodhangan satemah titi wanci menika saged kempal manunggal ing majelis Pengaosan rutin Malem Rebo Wage menika kanthi wilujeng nir ing sakara-kara.

Solawat sarta salam mugi tansah kasok dening Allah tumanduk junjungan kula panjenengan sedaya, Kanjeng Nabi Agung Muhammad saw. ingkang tansah kaantu-antu syafaat utawi pitulungnipun ing dinten kiyamat.

            Nuwun sewu, ing wekdal menika, kula kumawani ngadeg wonten ngarsa panjejengan sedaya awit kadhawuhan dening para Pimpinan  pinangka panata adicara.

Ngengeti wekdal sampun dungkap dalu, pramila adicara enggal kawiwitan. Sakderengipun keparenga kula aturaken urut reroncening adicara ing dalu menika.

Angka sepisan (1)  : Pambuka

Adicara angka kalih (2)  : Waosan kitab suci Alquran

Adicara angka tiga (3) : Atur Pangandikan

  • saking Takmir Musola Nurul Ummah
  • saking Pimpinan Ranting Muhammadiyah Timbulharjo

                                   

Adicara angka sekawan (4) : Sumene/Istirahat

Adicara angka (5) : Pengaosan dening Bpk. Ustad H. Saejan,M.Ag.

Adicara angka (6) :  Panutup

  • Para rawuh, tumapak ing adicara angka sepisan. Nun inggih pambuka. Mangga adicara dalu menika kabuka kanthi waosan basmalah. Sumangga….matur nuwun.
  • Adicara angka kalih, waosan kitab suci Alquran. Wekdal kaaturaken dhumateng ______________ sumangga.

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng ____________ ingkang sampun kepareng maos kalam Illahi. Mugi-mugi ingkang maos saha ingkang midhangetaken pikantuk ganjaran ingkang agung saking ngarsa dalem Allah swt.

Adicara salajengipun atur pangandikan.

-Atur pangandikan angka sepisan saking Takmir Musola Nutul Ummah. Wekdal, sasana, pandaya swara sumangga katur dhumaten Bapak Suparmin. Sumangga.

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng sedherek Suparmin ingkang sampun apring pangandikan.

-Para rawuh, atur pangandikan angka kalih saking Pimpinan Pengaosan. Wekdak sumangga katur dhumateng Bapak….

  • Para bapak, ibu, para rawuh kakung-putri. Adicara kalajengaken kanthi SUMENE. Wekdal kaaturaken dhumateng para kadang mudha taruna.

 

  • Para rawuh gandheng sampun cumawis pasugatan wonten ngarsa panjenengan, kasuwun ngresepi kanthi raos mardika. Saderengipun kula dherekaken donga rumiyin. Sumangga.

 

  • Para rawuh, mboten ateges badhe angirangi kenikmatan panjenengan sedaya ingkang saweg ngresepi pasugatan, ngengeti wekdal saya dalu. Adicara enggal kalajengaken, tumapak ing adicara Pengaosan.

Ingkang menika wekdal sumangga katur dhumateng Bapak Ustad H. Saejan,M.Ag., sumangga!

  • Matur nuwun kaaturaken dhumateng Bapak Ustad H. Saejan,M.Ag, ingkang sampun kepareng paring pengaosan. Mugi-mugi kula panjenengan saged ngamalaken isining pengaosan sawau satemah dados tiyang ingkang begja donya akhirat. Amin.

 

  • Para rawuh, tumapak ing adicara pungkasan, inggih menika panutup.Kula ingkang kapiji pinangka pambiyawara, mbok bilih sadangunipun ngaturaken urut reroncening adicara kathah kekilapan, nyuwun samudra pangaksami.
  • Mangga adicara kapungkasi kanthi waosan hamdalah. Alhamdulillahirabbil’alamiin.
  • Wasssalamu’alaikum wr.wb.

 

Kowen, 5 Juni 2023

eSWe

           

 

 

 

 

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

WeCreativez WhatsApp Support
Kritik, saran yang membangun dari Anda sangat saya tunggu untuk lebih menyempurnakan web ini dan agar lebih banyak barokah.
Hai kawan, komennya mana?