Teks MC Manten Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum wr.wb.
Alhamdulillahirabbil’alamiin. Asholatu wasalamu’ala ambiyai wal mursalin, Muhammadin, wa’ala alihi wash-habihi ajmaiin.
Bismillahirahmanirrahiim. Kapurwakan kanthi ngluhuraken asma Allah, ing pangajab kasugengan miwah karahayon kawilujengan tansah kajiwa kasarira dhumateng paduka para tamu miwah jasad kula.
1. Sangya tamu mudha wredha kakung putri ingkang winengku ing bagya mulya.
2. Para pinisepuh ingkang pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur.
3. Para manggalaning praja ingkang pantes lamun kinarya pandam-pandoming kaswasih.
4. Para alim ngulama ingkang hanggung amestuti wosing pustaka suci kinarya tuking kautamen.
Mugi lepat ing ila-ila, tebih ing ing tulak sarik miwah siku dhendhaning Gusti tatkala jiwangga deksura kumawani midak lajering ugering trapsila, nilar tata krami anerak suba sita kepara tebih saking uda negari, munggel pangandikan, hanyarwi kamardikan,
awit kula ingkang kapurba brayat ageng Bp Marsudi ingkang katemben hamengku karsa, kinen tutwuri lumampahing acara pahargyan prasaja tasyakuran kagem sri pengantin kekalih : Rara Ayu Risma Nurnaningsih atmaja putrinipun Bapak Marsudi + Tukiyah ingkang pidalem ing Kowen I, RT 01, Timbulharjo, Sewon, Bantul saha Bagus Maruli Baharsyah Lubis jalu tanaya panjenenganipun Bp Sulaiman Efendi Lubis/Ibu Wijayanti ingkang pidalem ing Notoyudan, GT II/1231 RT 087 RW 024 Pringgokusuman, Gedong Tengen, Yogyakarta
Kanthi pikantuk nugrahaning Allah lumantar pangestu sanggya para tamu putra kekalih sampun hamratitisaken tumapaking gati laksana ijab kabul rikala dinten Jumat, 13 November 2020.
Mugi-mugi ponang pinanganten kekalih saged dados keluwarga ingkang sakinah mawadah wa rahmah.
Sagung tamu ingkang winengku suka rahayu
Rehning sampun dumugi ing wahyaning mangsa kala pahargyan tumuli badhe kapurwakani wondene ingkang dados urut lumampahing acara nun inggih
1. Pambuka
2. Kalajengaken gati laksana angka kalih, sabda pangandika kinarya atur pambagya saking ingkang hamengku karsa mangke badhe kasarira Bp….
3. Kepareng manjing acara angka 3 hanenggih sabda pangandika kinarya gatining karsa saking brayat besan,miterat pawarata mangke badha kasarira….
4. Sasampunipun sabda pangandika saking brayat ageng Bp ……, tumuli manjing gati laksana angka sekawan tanggap wacana panampi ingkang mangke badhe kasarira Ibu Sugiyah.
5. Manjing gati laksana ingkang angka gangsal Tumapaking Ijab Qobul.
6. Sumene
7. Pinangka pungkasaning pepanggihan inggih menika panutup.
Para tamu, rehne sampun dumugi wahyaning mangsa kala katitik baskara meh panjer ing sanginggiling mustaka kepareng hambawani pepanggihan kanthi ndedonga, manungkuling puja hangaturaken puji hastungkara konjuk Allah swt.kanthi pangajab purwa madya wusana nugraha sumandihing kakinthil saliring bebaya miwah memala mugi sirna katiyub ing maruta.
Kanthi lenggah satata pepanggihan nulya kapurwakani kanthi pandonga konjuk dhateng Allah swt. Ndedonga kawiwitan… ndedonga cekap.
2. Manjing gati laksana angka kalih hanenggih Sabda pangandika kinarya atur pambagyayuwana saking Bp Parimin , badhe kasarira dening Bp Mugiyatno
Samekta ing karya miwah sawega ing dhiri.panjenenganipun Bp Mugiyatno kasumanggaken, titi laksana miwah sasana kacawisaken. Kinarya caos kurmat Bpk Bpk Parimin miwah Ibu, kasuwun jengkar saking palenggahan ngampingi Bp Mugiyatno ingkang piniji ambabar sabda pangandika kinarya atur pambagya yuwana.
Mekaten sabda pangandika saking ingkang hamengku gati pinangka pambagya harja sampun katigas dening Bp Mugiyatno , manjing gati laksana angka
3.Pangandikan kinarya gatining karsa saking kadang bakal besan, Bp Wiji Buang miterat pawarta badhe kasarira dening…
Panjenanganipun Bapak….kasumanggakaken titi laksana …sumangga katur, sumangga…
4. Sabda pangandika kinarya gatining karsa saking brayat besan ……..sampun katigas dening …….kanthi luwes manising basa miwah basuki ing tembung satuhu tatas titis tetes datan cewet sarikma pinara sasra
Sanggya tamu,adicara kalajengaken nun inggih Ijab Qobul. Saderengipun mangke badhe kaaturaken waosan kalam Illahi dening sedherek Jumiyanto.
Para lenggah, ijab qobul sampun lumampah lulus rahayu.
Para tamu, roning mlinjo….kepareng ngaso,
Mbok bilih mangke kinarya hanetetpi darmaning sutresna kepareng hanampi pisowaning kadang wiranem lumados ngaturaken pasugatan ingkang sepisan . Mangke sasampunipun waradin, para tamu kasuwun ngresepi kanthi suka ing wardaya sinartan hangicalekaken raos jiguh pekewuh miwah sangga runggi.
Bapak ibu, ingkang piniji ambabar pangandika saking besan tatkala kinarya gatining karsa ngiras pantes nyuwun pamit, awit saking namining bapak Marsudi, ngaturaken panuwun, ewadene brayat ageng besan taksih kepareng lenggah, Bpk. Marsudi badhe nanggapi kanthi murwat, dene ngersakaken kondur, mboten langkung namung nagaturaken sugeng kondur mugi basuki rahayu ingkang tansah tinampi.
Pinangka purnaning pepanggihan, kepareng ibu juru sumbaga hanganthi ponang pinanganten kekalih jengkar saking sasana palenggahan tumuju korining sasana suka saperlu nampi jawat asta saha puji rahayu saking para tamu.
Kula pinangka pambiyawara, kinarya puput pepuntoning atur, damar mancung cinupet, jenang sela wader kalen sesondheran apuranta menawi wonten lepat kula.
Adicara kapungkasi kanthi waosan hamdalah….
Wassalamu’alaikum wr.wb.

More Stories
TK ABA SLANGGEN MENDAPAT WAKAF MELALUI UANG 400 JUTA
Para Pimpinan yang hadir Hj. Martini menerima wakaf secara simbolis Ibu Aminah,S.Pd. (Sewon,12/1/2025) Ahad tanggal 12 Januari 2025 menjadi hari...
RAMAH TAMAH PENGURUS MUI SEWON
Ahad, 3 November 2024, pengurus Majelis Ulama Indonesia (MUI) Kapanewon Sewon mengadakan pertemuan di RM Kampoeng Mataraman, Ring Road Selatan....
MKKS SMK BANTUL MENYELENGGARAKAN RAKOR DAN WORKSHOP
Hari Sabtu-Minggu, 26-27 Oktober 2024 yang lalu, Musyawarah Kerja Kepala Sekolah SMK se-Kabupaten Bantul menyelenggarakan Rakor dan Workshop Penyusunan Program...
LAUNCHING BIKKSA SAMARA PCA SEWON SELATAN
LAUNCHING BIKKSA “SAMARA” PIMPINAN CABANG AISYIYAH SEWON SELATAN Dihadiri ratusan pimpinan dan segenap undangan, Ahad, 20 Oktober 2024, Pimpinan Cabang...