PEMBACAAN CERKAK “Tresna Musna ing Pucuking Dina”
Tresna Sirna ing Pucuking Dina
Tresna Sirna ing Pucuking Dina
Dening: eSWe Sidi
Aku ngenteni Yuli ing kene. Udane deres, sangsaya deres. Aku wus lungguh ing kene telung jam suwene. Katone Yuli ora bakal teka. Iku gawe atiku nelangsa. Pikirku kedawa-dawa. Kaya ngenteni netese ndhok amun-amun kang tangeh lamun bisa netes.
“Wis suwe , Mas?” mangkono mengko pitakone marang aku. Tembung cekak nanging tumrap atiku, tembunge iku marakke njelu. Cetha yen aku lan Yuli kangsen jam semene, ing kene. Banjur dak enteni nganti pirang-pirang jam, Yuli durung teka, kathik ndadak takon mengkono. Cetha suwe,ta. Malah banget suwene.
“Durung, lagi telung jam!”wangsulanku cekak uga. Yen atine lantip mesthi krasa yen wangsulanku kuwi ngemu surasa pait. Luwih pait katimbang bratawali. Nunggu suwene telung jam ing Kafe nDesa sing kahanane ora tumata iku dudu bab kang entheng. Musik sing disetel dening operator sound system pating gedhombreng. Para tamu, guyune keprungu sengak. Juru ladi sandhangane njelehi yen disawang. Pesen kopi rong gelas wae, suwene ora mekakat anggone ngeteri.
“Apa ndadak tuku bubuk kopi menyang Amerika dhisik apa kepriye…” batinku. Cekake kabeh njelehi. Yuli nemtoke papan kanggo ketemu wae kok kaya mangkene. Wis, wis….
Krungu wangsulanku, praupane njengkerut, garis-garis ing bathuke njengkerut. Rambute teles kaore. Raine pucet, nanging ayune panggah. Isih kaya wektu-wektu wingi. Mesthi wae dhekike pipine uga ora owah. Lambene uga isih kaya biyen. Nggula sathemlik, ngono nek dicandra tiru buku wulangan basa Jawa ing SD biyen. Cekake, Yuli isih kaya biyen. Embuh atine. Ah, lamunanku ngayawara….
Angin tumiyup banter, sangsaya banter. Wit-witan ing sakiwa tengenku mubeng-mubeng lan ana pang kang sempal. Godhong-godhonge prithil pating slebar. Ora mung mangkono. Godhong-godhong iku padha suwek kajuwing-juwing angin sindhung riwut. Ajur sewalang-walang, kaya atiku sing ora jenjem, ora karuwan.
Aku tepung karo Yuli wus mlaku karo tengah tahun. Kawitan sembaran dadi tenanan. Bocahe ayu, tanpa cacat. Lamun cinandra turah rupa kurang ukara. Wektu semana ngepasi aku diutus perusahaan melu bimtek aplikasi anyar ing bab nyusun laporan keuangan kantor. Dheweke uga. Yuli sajake kethetheran anggone memahami materi.
“Mas, eh, Pak. Menapa kepareng dherek linggih ing riki?” pitakone karo mblesekake bokong ing kursi tengenku sing isih kosong. Aku mengo, gandrik! Kaya ana widodari tumurun. Bocah iki kathik ayune ora mekakat, batinku.
Dheweke kandha yen rumangsa gaptek, gagap teknologi. Rumangsa kewalahan memahami andharane narasumber. Banjur nyerak marang aku supaya bisa takon ing bab-bab sing ora mudheng. Tenan, nganti gonta-ganti dina Yuli tansah lungguh cedhakan karo aku. Dheweke akeh takon. Jebule wanita iku gathekan. Saben-saben dak wenehi warah, cepet mudheng. Bocahe ayu, utege encer! Bab iku marakake aku sing genti kepengin tansah sesandhingan karo wanita sing ngakune isih jomblo iku.
Wektu terus lumaku. Cekake aku lan dheweke bebasan pir padha kencenge, sir padha senenge.
Aku lan Yuli banjur “jadian”. Wong loro bareng mecaki wektu kang endah. Mupakat bakal bebrayan tekan delahan.
Nanging, durung suwe iki aku krungu pawarta sing nelakake yen Yuli wis arep rabi. Sore kuwi aku kepengin ngerti satenane. Lumantar WA, aku sakloron kangsenan ketemu ing kene.
Barengan karo kilating thathit lan kasusul gumlegere bledheg, Yuli teka mak jedhul. Mlaku saka parkiran. Payung ireng diselehake sawise kaingkupke. Sithik beda karo lamunanku mau, polatane Yuli kaku. Rambute awut-awutan. Yuli ngguyu, nanging katon yen kepeksa. Lambene pucet sithik, ora abang kaya adate. Untune kang putih-putih tharik-tharik, sakeplasan katon, bareng karo tembunge kang gawe rasa atiku ora karu-karuan.
“He, he, he. Sing gedhe pangapuramu, ya, Mas Bram! “
“Wus dakcawisake wiwit wingi!”
“Apane?”
“Jare njaluk ngapura…”
Udan ora mendha. Hawa adhem nyokot balung. Thathit kelap-kelip. Kahanan saya sepi. Musik, saiki mung keprungu lirih, kalah karo kumrosaking gegodhongan kang kabuncang angin. Senajan durung bengi, nanging kahanan ing njaba katon peteng.
“Apike kepriye, Mas? Aku bingung.”
“Kok aku sing kok takoni?”
Sepi. Pacelathon mandheg. Yuli mimblik-mimblik. Lambene kedher.
“Hla aku kudu kepriye, Mas?”
“Malah takon maneh!”
Yuli nangis nggembor-nggembor. Ben wae, ora bakal ana wong krungu marang tangise. Ben wae, supaya rasa seseg ing dhadhane bisa kasuntakake. Kepengin aku ngranggeh pundhake, banjur dak kekep awake. Supaya tentrem atine, supaya tresnaku kawistara. Nanging apa mung kaya mangkono iku bukti tresna? Cethek temen!
Apa wae bisa katindakake dening aku wong loro wektu iku. Kahanan nyengkuyung. Komplek kafe banget sepi. Gazebo mapan ing pojokan, adoh saka panyawang mripate tamu liya utawa pramuladi lan petugas kafe. Aku ora bisa kumecap, aku ora bisa ngingset lungguhku nyedhaki wanita ayu iku. Aku ora duwe kekuwatan. Begjane,isih ana kekuwatan ngendhaleni ringute bantheng ketaton ing jiwaku.
“Aku pasrah, Mas!”
“Marang kahanan, marang wong tuwamu, apa marang sapa?”
“Aku isin yen matur prasaja.”
“Apa aku iki wis dadi tukang ngisin-isin sasuwene iki?”
Yuli saya nggembor-nggembor. Nanging gemborane ora bisa ngalahake kumisise angin campur udan, kumrosake wit-witan. Awakke katon lemes. Kepengin aku nyangga nganggo tanganku sing kukuh bakuh iki. Nanging aku wedi yen nganti tumindak luwih.
Wong loro banjur meneng-menengan wae. Aku kepengin omong, nanging omong apa? Jer kabeh wus putus. Wong tuwane wus mutusake. Aku ora bisa nduwa. Aku ngerti, aku iki sapa. Aku dudu apa-apa, aku dudu sapa-sapa.
Cek, cek, cek….Keprungu suwara cecak saka empyak gazebo iku. Cecak loro mecungul saka usuk, oyak-oyakan. Banjur cokot-cokotan lan uleng-ulengan,pepasihan. Yuli ndengangak, semono uga aku melu nyekseni sesawangan iku.
“Mas….Ngapuranen aku. Abot tenan lelakon iki.”
“Aku wis ngerti lan nyekseni,” kandhaku alon. Dhadha krasa seseg. Yuli menyat saka lungguhe, mlayu ninggalake aku nggawa tangis kang gawe atiku miris. Udan deres lan angin pinusus ora dipaelu. Yuli mlayu tumuju parkiran. Payung ireng ditinggal ngono wae. Ora let suwe, katon mobile Yuli nggereng-nggereng, nggeblas bablas nerjang deresing udan.
Aku, wong lanang kang sugih kekurangan iki ora duwe daya ngadhepi kahanan iki. Telung sasi sawise kedadean iku, aku nampa undangan saka Yuli. Saiki dheweke wus ana sing duwe. Sakabehing gegambaran kang dak coret-coret bareng dheweke sasuwene iki ilang dening amukaning lesus kang ambuncang.
Ponjong, 24 Januari 2022
2 thoughts on “PEMBACAAN CERKAK “Tresna Musna ing Pucuking Dina””
Tinggalkan Balasan Batalkan balasan
More Stories
Teks MC Manten Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum wr.wb. Alhamdulillahirabbil’alamiin. Asholatu wasalamu’ala ambiyai wal mursalin, Muhammadin, wa’ala alihi wash-habihi ajmaiin. Bismillahirahmanirrahiim. Kapurwakan kanthi ngluhuraken asma Allah, ing ...
TK ABA SLANGGEN MENDAPAT WAKAF MELALUI UANG 400 JUTA
Para Pimpinan yang hadir Hj. Martini menerima wakaf secara simbolis Ibu Aminah,S.Pd. (Sewon,12/1/2025) Ahad tanggal 12 Januari 2025 menjadi hari...
RAMAH TAMAH PENGURUS MUI SEWON
Ahad, 3 November 2024, pengurus Majelis Ulama Indonesia (MUI) Kapanewon Sewon mengadakan pertemuan di RM Kampoeng Mataraman, Ring Road Selatan....
MKKS SMK BANTUL MENYELENGGARAKAN RAKOR DAN WORKSHOP
Hari Sabtu-Minggu, 26-27 Oktober 2024 yang lalu, Musyawarah Kerja Kepala Sekolah SMK se-Kabupaten Bantul menyelenggarakan Rakor dan Workshop Penyusunan Program...
Apik mas… Crito kwi mau, Abbas Ch tenan nek iki.
Pembaca terhipnotis Isa melu ngrasske lelakon kwi mau.
Terima kasih apresiasinya, Mas Sulanjar. Kunjungi terus web ini, ya…